Kamis, 05 Januari 2017

CONTOH CERKAK


Kebanan

Kring........kring......kring jam alarme beni murup tandane beni dikon tangi seko turune ananging alarm muni ping bola-bali beni tetep wae ijik mbenakke selimut.Ibune banjur mangkel krungu alarm Beni , ujug-ujug ibune Beni teko ning kamare beni karo mangkel mateni alarm .Beni suju tangi amarga ibune teko ning kamare mateni alarm lan disambi muring-muring amarga beni tangi kawanen lan kamare jebule obrak-abrikan.Beni mung meneng wae.Beni langsung nuju kamarmandi lan banjur adus.Aduse beni we cepet amarga Beni arep telat mangkat sekolah

sakwise adus beni banjur nata jadwal lan sarapan.Ibune Beni arep tidakan amarga  ibune Beni ngendika  ning Beni nek duit sangune didelehake ing dhuwur meja makan.Ananging Beni ra nggatekke ngendikane ibune.Saking kesusune beni sarapane ora dientekke banjur ngulir pit supaya ora telat mangkat sekolah.

            Tekan tengah dalan Beni krasa aneh karo pitte.Beni banjur nilikki ban pitte kuwi jebule banne bocor.kamangka banne wingi wis diganti ban anyar.Sakwise niliki banne Beni langsung nggoleki bengkel sek cedhak

            Saben dalan Beni nggoleki tambal ban ananging ra ketemu-ketemu.Beni banjur takon marang bapak-bapak sek nembe lenggah ing halte.

“ Pak badhe nyuwun pirsa pundi nggih wonten tambal ban?”

“ing samping pasar le ijik rodo adoh seko kene.”

“Maturnuwung nggih pak atas informasine.”

“Pada-pada le.”

            Wis kesel Beni nggoleki tambal ban akhire ketemu ning samping pasar persis koyo sek dingendikakke pak-pak-e mau.Beni banjur ngomong ning pak-pak bengkele.

            “Pak kula badhe nambalaken ban saged mboten?”

            “Iso le,tunggunen sedelo.”

Let pirang menit pitte beni wis di ditambal banne.Pak-pak bengkel kuwi mau banjur marani Beni.

            “Iki wis rampung olehku nambal.”

            “o inggih pak,Nyuwun pangapunten pak kula kesupen mboten mbeta arta.”

            “ora apa-apa le shadaqoh.”

            “Kula matur nuwun sanget nggih pak .“

            “pada-pada le.”

            Beni banjur ngulir pitte mau nuju ing sekolah.Jebule Beni wes telat mangkat sekolah.Sanajan telat Beni ijik iso melu pelajaran amarga Beni nyeritakke kejadian kuwi marang gurune.Banjur Beni dikkon melbu lan ngikuti pelajaran koyo biasane ning kelas.Beni langsung lungguh ing kursi sing ijik kosong.


            Bar bali sekolah Beni langsung ngulir pitte nuju omahe.ora kurang seko 15 menit Beni tekan omahe.Ing omahe Beni wis ono ibune sek lungguh ing ruang tamu.Banjur beni nyeritakke kejadian kuwi mau marang Ibune .Sak wise nyeritakke kejadian kuwi mau Beni minta maaf marang ibune amarga ra ngrungokke ngendikane ibune lan tangi awan.Ibune maafke Beni  banjur ngandani nek dikandani wong tuwa kuwi dirunggokke lan nek tangi aja awan engko nek mangkat sekolah ndak kesusu.Sak wise kejadian kuwi mau Beni dadi tangine luwih esok lan nek dikandani ibune ngrunggoke


Tidak ada komentar:

Posting Komentar